Senin, 26 Januari 2015

Geguritanku

Kuliyah
Dening: furwanti utami

Kuliyah...
Akeh wong ngomong kuliyah gampang kaya empol pinecok
Gampang olih kanca
Gampang olih sangu akeh
Gampang lunga ngendi bae
Apa maneh sing rangga salira
Iya iku kuliyah kang mung abang- abang lambe
Kuliyah...
Akeh wong ngomong kuliyah iku kaya  bumi karo langit
othak- athik didudut angel
saben dina ana tugas
saben dina presentasi
melu rene melu rana
adoh saka pamujaning ati
kuliyah kang nggawe gadho ati
kuliyah kang rasane kaya legi brutawali
kuliyah...
kuliyah iku ora mung papat K
kos, kantin, kampus, kencan
ning kuliyah iku sejatine ngangsu kawruh
kuliyah iku aja kaya aji godhong garing
Kuliyah..
Tugas akeh, dhuwit kurang,
Saben minggu mesthi bae bayaran
Kuliyah iku ora kaya semut marani gula
Ah.. apa iku kuliyah?
Akeh wong ngomong kuliyah kaya munggah gunung
Ben dhuwur pangkate
Ning nyatane nggawe sikil lan sirah mubeng
Bar kuliyah  akeh wong kang ngekep dengkul
Kuliyah, kuliyah, kuliyah
Apa toh sing dikarepke kuliyah iku?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar