SIJI
pikirane Tami mung siji, yaiku pengin sekolah sing terkenal lan
paling apik ing kothane. Iya iku Tami kudu mlebu sekolah ing SMA ora ing SMK.
Sekolah SMA kang terkenal kuwi. Mapan ing tengah kutha, cedhak saka dalan
gedhe, apa maneh cedhak perpustakaan umum,Tami kang seneng maca iku apa maneh
marang perpustakaan umum, nggolek cerita- cerita kaya novel jawa lan geguritan,
menawa ana tugas, lan ing perpustakaan sekolah ora ana, gampang tinggal marang
perpustakaan umum iku. Tami ndaftar sekolah kang nduweni nem cilik rada minder, merga saingan ing sekolah iku duwur banget, bocahe
kang padha pinter lan nduweni bakat dhewe- dhewe. Nanging atine Tami ora
pesimis, merga saingan iku ya mesti ana, sing penting Tami wis usaha lan kudu
donga marang Gusti. Dina selasa kang kaya padatan, sing ndaftar sekolah mau
akeh banget.
Urutan 1005 iku nomer kang dicekel dening
tami kanggo ndaftar ing SMA. Ngenteni nomer urut diundang. Tami kang ndaftar
dhewekan ora nyangka bisa ketemu kanca lawase ing sekolahan.
“cici?? Kowe ndaftar ing sekolah iki ci?”
Pocapane tami karo kaget bisa ketemu ing sekolah kang terkenal kuwi, apa maneh
bisa sekolah bareng, rasa bungah ana ing atine Tami merga ana kanca kang umah
desane padha.
Lho... iki kowe tam? Iyah tam, aku ndaftar
kene, aku pengin sekolah sing terkenal lan dolan karo cah- cah pinter.
Wangsulane Cici karo alis menduwur lan mata kang amba iku ketok ndelik.
Tami menikmati
kaindahan sekolahan. Sekolah kang akeh tamane, apa maneh ing tengah
tengahing sekolah iku ana bak gedhe kang diisi dening kembang kang gedhe kolam terate,
wit gedhe kang nggawe adem ing sekolahan. Ora suwe nomer urut kang dicekel tami
dipanggil.
“ Asty
tami Dwi Raharjo dengan nomer urut 1005 dipersilahkan masuk keruangan.”
“Tam, iku jenengmu dipanggil, gage mlebu.”
“Iya ci, aku mlebu sek ya?”. Ati kang deg-
degan, mlebu ing kelas sing apik, ana LCD, proyektor, papan tulis kang wis ora
nganggo kapur, sing akeh debune. Nanging nulis kang nganggo spidol ireng.
Ruangan kang rapi, bayangane tami ing kelas, dadi pikirane tami pengin cepet
sekolah ing kene.
“Asty Tami Dwi Raharjo,” ucapane wong gedhe
dhuwur, nduweni kumis kang dhawa, batuk kang botak ing tengahe, nduweni swara
kang gedhe,wong kang gawe wedi ing kelas. Akeh kakak kelas kang padha
nyritakake dheweke, iya iku guru biologi.
Rasa kaget ana ing atine tami. Tami langsung
maju ngarep madep bapak panitia iku, karo rasa gugup, wedi, seneng bisa ndaftar
ing sekolah iki, rasa kang kacampur- campur kaya sayuran kang wis dadi
gudangan.
***
Mripat kang esih sepet, jendela kang durung
kabuka, swara jam kang lirih, manuk swara asline. Ngadeg saka kapuk kang empuk.
Swara jangkahe sikil marang mburi. Njupuk banyu mili ing kran, kanggo basuh
awak sekabehe.
Bocah kang rambut dawa, cilik, ayu, mentel,
mata kang nduweni idep lentik, alis kang wes mbentuk nganggo klambi warna putih
ning nduwur lan rok kang sanduwure dengkul.ora kaya padatan, bocah iku mangkat
esuk-esuk kanggo ngileng pengumuman kang ana ing SMA sing dipengeni, merga ora
pengin ketinggalan pengumuman.
Ati kang was- was ketampa ora, ana ing atine
tami. Nanging tami percaya, yen usahane iku wes maksimal.
“Cici? O,ya cici ngendi?” Tami nggoleki cici
nang sekolahan kok ora ana, apa durung mangkat.” Omangane tami sinambi ndelok
kanca- kanca kang wis padha standby ing
kelas pertama ndaftar.
Ruangan kang resik, bocah- bocah wis padha
ngenteni bapak kang nduweni rambut botak, iya iku wong sing dadi panitia
pendaftaran siswa baru. Guru biologi.
“Cici?? Tami mau nggoleki kowe, muter muter
saka gerbang awal nganti akhir ora ketemu kowe, ehh ternyata wis tekan kelas.”
Iya, tam, aku mau mangkat gasik. Pengin
cepet- cepet ndelok pengumumane.” Eh mangkat gasik kok urung padha mangkat. Ya
wis aku langsung mlebu kelas wae, daripada
ning njaba ora ana kancane tam.” Mangsulane cici karo nyandang rasa deg- degan
lan gugup.
Kelas mulai rame, kanca- kanca padha mlebu,
merga wong kang nduweni rambut botak iku mlebu, gawa kertas kang werna coklat,
iya iku isine amplop pengumuman kanca- kanca.
Bapak nduweni rambut akeh banget kang bisa
dietung iku lungguh ing kursi guru, maringi pengarahan lan pencerahan. (
pengarahan lan pencerahan kaya siraman rokhani bae ya?. Isine menawa ora
ketampa ing sekolah iki aja berkecil
hati. Merga sekolah iku ora kudu sing apik, paling penting iku pikiran lan kemauan.
Saya pucet, ana ing wajah bocah ayu, kang nduweni rambut dhawa iku. Dibuka amplop kang
warna putih iku, pelan- pelan karo
nyandang rasa khawatir. Ora suwe amplop kabuka, rasa trenyuh ana ing atine
tami, iya iku merga bisa ketampa ing sekolah kang dipengini iku.
Rasa seneng iku tiba- tiba buyar, pindah ing
pikirane wong tuane, iya wong tuane Tami kang sak durunge ora setuju kami
sekolah maneh. Tami durung bisa nemtokake sekolah apa ora, tami ndaftar bapak
lan ibune ora ngerti, Tami pengin maringi wong tuane kejutan, senajan Tami
asale SMP kang mewah aliyas mepet sawah,
nanging Tami uga bisa sekolah SMA kang apik lan diidam- idamna akeh wong.
Rasa kang dipikirke Tami kanyata ora padha,
nembe mbuka lawang kang madep ngetan werna coklat, jendela ing pinggire, kembang-
kembang lan tandhuran cilik ana ing sisih kiwa. Sartinah nesu marang Tami,
merga Tami ndaftar sekolah ora kandha karo Sartinah.
“plak..” swara tamparane Sartinah marang
Tami.
“buk, apa salahku ditampar ngene?” pitakone
Tami karo nangis laranen. “Kowe kenapa ndaftar sekolah kang apik kuwi, kowe ya
ngerti keadaan uripe dhewe, ibu lan bapak bar kena musibah, kanggo biaya tuku
beras wae angel, kudu ndadak utang nang warung, sekolah iku larang, apa maneh
sekolah sing elit. Yen pan sekolah ya
sing biasa bae, ora usah sekolah sing apik, toh padha bae jenenge sekolah,
pengin pinter ora kudu sekolah sing apik, sing paling penting ya pikiranmu,
sinau sing rajin, mesti pintere. Yen ora manut ya Kerja bae mbiyantu ibu lan
bapakmu, kanggo ngauripi adik- adikmu.” Sartinah nggrundel marang Tami kang
pengin sekolah sing apik.
Tami tanpa ngomong balesane sartinah ndadak
lunga marang kamar, ati kang akeh kembange ndadak kembang kuwi dadi alum.
Wis mikir, mesti bae kedadeyane bakal
ngenee, Sartinah kang ora setuju
karo
pemikirane Tami kang pengin sekolah sing apik lan ora pengin uripe dhewe mbesuk
kaya Sartinah.
Tami kang isih ning dipan kang warna biru
iku madep ngalor, ndadak resik- resik klambi ing lemari dileboke ing tas werna
biru iku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar